Friday 4 March 2016

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Tutup Tahun

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu dahat kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha staf karyawan ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Wali Murid ingkang kinurmatan, ugi siswa siswi sedaya ingkang kula tresnani.
Alhamdulillah, puji syukur tansah kula panjenengan aturaken dumatheng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi mapinten-pinten rahmat, hidayah, nikmat, saha kasarasan satemah kita saged makempal kanthi rahayu kalis nir ing sambekala ing papan punika ngawontenaken adicara Tutup Tahun SMPIT Abu Bakar Yogyakarta.


Para rawuh ingkang sukabagya, kula minangka pranata adicara badhe ngaturaken rantaman adicara ndalu punika yaiku :
1.      Pambuka
2.      Pangandikan Kepala Sekolah
3.      Tilawah Al-Qur’an
4.      Prosesi wisuda kelas 9
5.      Prosesi serah terima murid
6.      Pentas seni saking kelas 7 lan kelas 8
7.      Do’a
8.      Panutup
Mekaten rantaman adicara ing ndalu punika. Adicara ingkang sepisan, pambuka. Para rawuh ingkang kinurmatan, sumangga kita purwakani adicara ndalu punika kanthi waosan basmalah sesarengan. Bismillahirrahmanirrahim.
Adicara ingkang kaping kaleh yaiku pangandikan Kepala SMPIT Abu Bakar Yogyakarta, Ustadz Akhsanul Fuadi, S.Ag., M.Pd.I. Dumatheng Bapak Kepala Sekolah, papan lan wektu kula sumanggaaken.
...
Maturnuwun dumatheng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun maringi pangandikan.
Adicara ingkang kaping tiga, tilawah Al-Qur’an dening Ananda Fulan bin Fulan. Dumatheng Ananda Fulan bin Fulan kula sumanggaaken.
...
Maturnuwun dumatheng Ananda Fulan bin Fulan ingkang sampun maosaken kitab suci Al-Qur’an surah Al-Insyirah.
Adicara ingkang kaping sekawan, prosesi wisuda kelas 9.
...
Adicara ingkang kaping gangsal, prosesi serah terima murid.
...
Adicara ingkang kaping enam, pentas seni saking kelas 7 lan 8. Dumatheng kelas 7 lan 8 ingkang badhe tampil, kula sumanggaaken.
...
Adicara ingkang kaping pitu, do’a dipunpimpin dening Ustadz Aniq. Dumatheng Ustadz Aniq, papan lan wektu kula sumanggaaken.
...
Maturnuwun dumatheng Ustadz Aniq ingkang sampun mimpin do’a.
Adicara ingkang pungkasan panutup, sakderengipun adicara kula tutup, kula minangka pranata adicara ingkang ngaturaken lampahing adicara wonten ndalu punika menawi wonten atur saha tindak-tanduk ingkang kirang nujuprana dhumateng para rawuh sedaya, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
Para rawuh ingkang kinurmatan, sumangga kita pungkasi adicara ndalu punika kanthi waosan hamdalah sesarengan. Alhamdulillahirabbil’alamin.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

No comments: