Friday 4 March 2016

Cerpen Bahasa Jawa : Berkah Sodakoh

Contoh cerkak--cerita cekak (pendek) bahasa Jawa :

Ono bocah sing ketok ngulurake salembar duit sewu kanggo wong mlarat. Sakteruse, bocah kuwi mlaku bali kanthi seneng atine ning omahe sing ora adoh seka sekolah. Bocah mau jenenge Idris, kelas 4 SDIT Avicenna. Saben dina sakwise sekolah, Idris bakal menehi sodakoh kanggo wong sing kurang mampu. Kadang wong tuwa sing ngemis dan cacat sikile diwenehi duit sepuluh ewu, kadang bocah pemulung diwenehi roti.

Idris uga tau menehi duit marang bakul es dung dung sing lagi kena kacilakan. Bakul kuwi ndorong gerobake neng dalan watu sing medun. Neng gerobake eneng tulisan ‘Es Dung Dung Pak Budi’. Nalika ndorong gerobake, Pak Budi kepleset, gerobake ambruk. Gerobak kuwi rusak, lan es dung dung sing ono neng njerone utah kabeh. Idris mesakke ndelok musibah kuwi, kanthi ikhlas menehi duit seka duit sing arep disimpen ning bank. Awale Pak Budi ra gelem, nanging Idris mbujuk duit kuwi iso digunakake kanggo modal dodolan meneh. Pak Budi nampa duit mau kanthi terharu lan ngucapake matur nuwun, matur nuwun.

Siji sore, bapake Idris bali saka kerja karo rupa pucet. Idris ngerungokke pacelathon bapak lan ibune. Rupane perusahaan panggonane bapak nyambut gawe ora stabil, sahinggo karyawan-karyawan di PHK, kalebu bapake Idris. Idris kuwatir amarga sasi iki durung mbayar duit sekolah. Idris ngerti nek kaluwargane kena musibah. Bali saka sekolah, Idris tetep menehi sodakoh kaya biasane sakbisane. Yen Idris ora nduwe duit, Idris bakal mesem marang wong kang dikenale.


Amarga sodakoh sing saben dina dilakoni Idris, Gusti Allah menehi bantuan. Pak Budi, sing dodol es dung dung, teka nang omahe Idris nggawa hadiah. Ndisik, sakwise diwenehi duit Rp. 1.000.000,- saka Idris, Pak Budi miwiti usaha kue. Usaha Pak Budi sukses. Pak Budi nduwe toko gedhe neng ngendi-ngendi. Sakwise krungu ekonomi keluargane Idris saiki sing lagi angel, Pak Budi nawarake beasiswa kanggo Idris. Idris lan wong tuwane ngucapake matur nuwun. Saiki Idris rasah kuwatir karo duit sekolah lan duit jajan meneh. Alhamdulillah, pitulugan Allah teka saka sumber kang ora disangka-sangka.

No comments: