Friday 3 October 2014

Kerata Basa

Kerata basa utawa jarwo dhosok yaiku negesi tembung kanthi ndawakake wancahan, wandane tembung di kira-kira tegese, diothak-athik supaya mathuk.

Tuladha :
~ Dongeng : dipaido keneng.
~ Guru : digugu lan ditiru.
~ Weteng : ruwet tur peteng.

~ Kuping : kaku tur njepiping.
~ Krikil : keri ing sikil.
~ Garwa : sigaraning nyawa.
~ Sopir : yen ngaso padha mampir.
~ Kathok : diangkat mboko sitok.
~ Wanita : wani ditata.
~ Sepuh : sabdane ampuh.
~ Januari : udan saben ari.
~ Desember : gedhe-gedhene sumber.
~ Roda : loro kudu padha.

No comments: